Kamis, 29 Desember 2011

ASAL USUL KOTA BREBES


Memang ana cerita- cerita sing nyeritakna anane aran-aran desa tertentu
ning sajerone wilayah Kabupaten Brebes. Misale cerita soal desa
Padasugih, Wangandalem, Gandasuli, Pasarbatang, Kersana, Ketanggungan
lan liya-liyane. Tapi kuwe kabeh mung cerita-cerita dopokan. Laka data
sing bisa go didadikna bahan go penulisan sejarah lokal. Yen saiki ana
wong-wong sing kaur nyalin cerita-cerita rakyat kuwe ning bentuk
tulisan, hasile ya mung salinan thok, sing tetep ora bisa didadikna go
data penulisan sejarah. Salah siji cerita apik soal laire kota Brebes
justru ana ning */Serat Kanda/* edisi */Brandes/*. Jare cerita kiye,
sawise Kerajan Majapahit ngadeg lan Raden Susuruh dinobatna dadi raja
ning kerajaan anyar kuwe nganggo aran Brawijaya sing kedadiyane ning
taun 1221 Saka nganggo candra sengkala *Sela-Mungal-Katon-Tunggal*
(atawa tahun 1299 Masehi), raja Brawijaya terus ngangkat Wirun dadi
pepatih nganggo aran juluk Adipati Wirun, Nambi dadi tumenggung lan
Reksapura dadi wedana jero. ImageRaja Brawijaya teruse njukut bojo sing
mesih ana ning Galuh lan mbantu sedulure, Arya Bangah, ning perange
nglawan Ciyung Wanara. Tapi ning perang kuwe Arya Bangah kalah, terus
mlayu ning Lebaksiu.

Negara Galuh kebakar, Arya Bangah dusir sampe Tugu, sing ning kono
pasukan Majapahit wis teka go nein bantuan. Arya Bangah ngerahna
wong-wong Wetan. Sing akhire balik maning (waca: terdesak) sing kulon
maring wetan. Ning pereke kali sing lantarane peristiwa kuwe darani kali
Pemali, pada perangan maning. Tempat perang kuwe darani Brebes. Ciyung
Wanara balik ning negarane. Arya Bangah lunga ning Majapahit, ninggalna
pasukan goning pimpinane Reksapura. Raja Brawijaya terus ngangkat
dheweke dadi wedana (bupati) sing ditempatna ning Tuban. Anak wadone
Arya Bangah, Citrawati, kawin karo Kumara. [?] Kumara ngrebut telung
negara jajahane Pajajaran. Sawise kuwe gabung karo Reksapura, lunga ning
Sumedang. Sing kono mereka lunga ning Galuh. Dandang Wiring naklukna
Dermayu (Indramayu). Wahas (anake Wirun), naklukna Banyumas, Magelang,
Prabalingga (Purbalingga) karo Caracap (Cilacap). Negara Sokapura ya
bisa ditaklukna. Kumara bisa ngrebut Bandung karo Sumedang. Ciyung
Wanara nyerah. Dheweke merdekakna Dipati Jayasudarga, mertuane Raja
Brawijaya, lan ngirimna utusan maring Kumara. Nuruti jejalukane, Ciyung
Wanara danterna ning Majapahit. Kuwe sing akhire kerajaan Pajajaran
bubar taun 1223 Saka nggo candra sengkala *Guna-Kalih-Tinggal-Kaji*.
Teruse Ciyung Wanara dangkat dadi bupati agung go wilayah Jawa Barat
anjoge kali Pemali. Ning karyane, */The History of Java/* (1817),
Raffles ya nyritakna siji cerita sejen sing inti pokoke pada. Ning
cerita kuwe ora disinggung soal kedadiyane daerah Brebes. Dening kajian
sejarah, inti pokok cerita kuwe dhewek memang bener. Sing kaya wis
dajukna Prof. Hosein Djajadiningrat ning */Sastrakantanya/*, Kerajaan
Majapahit ngadeg mulai kwartal ketelu abad XIII sampe kurang luwih taun
1518 sementara kerajaan Pajajaran mulai taun 1433/1434 sampe kemungkinan
taun 1579. Sing dadine, ya ora mungkin dong darani yen Kerajaan
Majapahit kuwe hasil pemisahan sing Kerajaan Pajajaran. Tapi kaya kuwe,
ora bisa diabaekna soal kemungkinan yen Brebes wis ana sajege jaman
Hindu. Dugaan kiye bisa dajukna lantaran kenyataan, yen ning daerah
Kabupaten Brebes akeh ditemoni barang-barang tinggalan sing jaman Hindu.
Barang-barang kuwe ditemukna ning pirang-pirang kawasan antarane kawasan
Kawedanan Brebes. Ning kawasan kene pernah ditemokna barang-barang kuna
ya kuwe patang iji gong sing Desa Slarang karo siji ali-ali emas sing
Desa Karangmangu. Ali-ali kiye duwe plat meterei bentuke bunder hiasane
garis-garis mlengkung sing katone kaya ula loro endase loro. Ali-ali
kiye, sing ditemokna ning jerone lemah, saiki disimpen ning Museum
Nasional Jakarta.
Next Prev home

0 komentar:

Posting Komentar

tutorial blogpengobatan tradisional