Tampilkan postingan dengan label B JAWA. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label B JAWA. Tampilkan semua postingan

Rabu, 08 Februari 2012

contoh puisi basa jawa berjudul : KUCIWA


Kuciwa atiku, nelangsa atiku
Ibarat kaya langit sing lagi mendung
Mataku ngendong banyu
Kaya langit sing arep nebah udane
                          Tes netes ora kerasa uluhku netes
                          Kupingku sementlep, atiku kesilet
                          Lewih kaget sekang kaget krungu lep bledeg
                          Pas aku krungu sampeyan milih kae
     Jane aku ora lila ..
     Ben aku rasakna iki dewek
     Jalaran sampeyan, kae, kabeh pada ora ngerti
     Aku tresna marang sampeyan
                          Udu keputusanmu sing tak tangisi
                          Nanging perkenelan sing tak sesali
                          Tak jajal ora tak sesali
                          Tak jajal tak lilakna, sampeyan karo kae
     Jalaran wong lanang ora mung siji
     Ora mung sampeyan
     Sing bisa nerima aku
     Apa anane,,udu jalaran ana apane
                                                                                                  



                                                                                                   Panganggit
                                                                                                   Siti hajar fitriyani
                                                                                                   X AP 1
1.

Senin, 03 Oktober 2011

contoh sesorah perpisahan siswa SMA


SESORAH PERPISAHAN SISWA KELAS XII SMA N 10 Yogyakarta
SESORAH PERPISAHAN SISWA KELAS XII
SMA N 10 Yogyakarta


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kula  urmati, lan para putra-putri ingkang kula tresnani, langkung rumiyin kula nyuwun agunging panuwun, awit kula kumawantun, ngadeg ing ngarsa panjenengan sedaya.
Alhamdulillah ing enjing menika kawula sedaya saged makempal wonten  ing  SMA N 1purwokerto ingkang kita tresnani menika. Kawula sedaya wonten ing sma menika nggadahi tujuan ingkang pokok, yaiku ngundhuraken para siswa kelas XII ing wulan April tahun 2008 sampun ngrampungaken UNAS ingkang dados syarat utama kangge siswa SMA kangge ngelanjutaken ing jenjang luwih dhuwur.
Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun tugas para rencang menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula kta kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para erncang cita-citaaken saged dipuncapai. Boten namung kita mawon ingkang bangga menawi sukses, nanging Bapak lan ibu guru kita injih remen lan bangga.
Para sedherek sedaya, wayah saged damel kita sedaya saged kempal ing acara menika. Nanging wayah menika ugi ingkang misahaken kita sedaya. Kita namung saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet lan mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun para Bpak lan Ibu guru katampi ing sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.
 Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
1.
Prev home
tutorial blogpengobatan tradisional